Soal - Soal Bahasa Jawa

A.
1. Wawan rembug lumrahe ngrembug babagan khusus kang dianggep...
        a. Pawarta
        b. Tema
        c. Prastawa
        d. Masalah
        e. Guyonan

2. Kagiyatan wawan rembug iku bisa nglatih siswa dadi kaya ing ngisor iki yaiku kejaba...

        a. Nduweni sipat ngrumati wong liyo
        b. Kritis
        c. Tambah wawasan 
        d. Wani marang wong tuwa
        e. Wani ngutaraake pendapat

3. Pidato kanthi tata cara  ekstemporan yaiku pidato kanthi...

        a. Nganggo cathetan cilik kang isine balunganing karangan 
        b. Migunakake teks utawa naskah kang di waca kanthi langsung
        c. Nyawisake naskah banjur di apalake
        d. Adhedasar kapinteran, kawruh lan pengalaman kegiyatan micara bisa katindakake kanthi  lancer
        e. Ora nyawisake luwih dhisik bahan amarga wektune cumpen


4. Pidato iku dudu handuweni sipat persuasif, persuasif iku tegese...

        a. Cukup informatif
        b. Gampang dipahami
        c. Gambling lan cetha
        d. Ora digawe-gawe
        e. Ndudut atine wong kang ngrungokake 

5. Kang ora kalebu metode pidato yaiku...
        
        a. Langsung
        b. Impromptu
        c. Naskah 
        d. Apalan
        e. Ekstemporan

6. Tembung liyane pidato yaiku...

        a. Wawan rembug
        b. Sesorah
        c. Wara-wara
        d. Pirembug
        e. Pacelathon

7. Ing ngisor iki kang dudu salah siji rantamaning sesorah yaiku...

        a. Surasa
        b. Dudutan
        c. Lampiran
        d. Salam pambuka
        e. Purwaka

8. Paragrap kang nggambarake objek kanthi tujuan supaya wong kang maca ngrasa kaya ngawang dewe objek kang digambarake diarani paragrap....

       a. Eksposisi
       b. Deskripsi 
       c. Argumentasi
       d. Persuasi
       e. Narasi

9. Tembang asmaradana ana...gatra

        a. 8
        b. 7
        c. 6
        d. 5
         e. 4

10. Lelagon campursari sing apik kudune nduweni unsur-unsur kaya kang kapratelakake ing ngisor iki kajaba...

         a. Rima kang pas
         b. Amanat kang becik
         c. Laris ana ing pasaran 
        d. Tema kang cetha
         e. Diksi kang trep

11. Kang diarani diksi ing lelagon campursari yaitu...

        a. Tembung-tembung sing wus pinilih 
        b. Unen-unen kang dibolan-baleni
        c. Tuntunan lan pituduh kang sinandi ana ing njeroning lelalon
       d. Tibaning swara ing pungkasaning lagu
       e. Dhasaring prakara kang dikrembakake dadi cakepan lelagon 

12. Tibane swara wanda pungkasaning saben gatra diarani..,

        a. Guru petung
        b. Guru lagu
        c. Guru gatra
        d. Guru wilangan
        e. Guru metrum

13. Tembang macapat kang nduweni teges wis lair lan jelas priya utawa wanita yaiku...

        a. Maskumambang 
        b. Megatruh
        c. Asmaradaana
        d. Sinom
        e. Mijil

14. Unen-unen kang dumadi saka rong ukara, ukara sapisan kanggo narik kawigaten, kang kapindho minangka isi, kasebut...

         a. Cangkriman
         b. Wangsalan
         c. Bebasan
         d. Parikan
         e. Saloka

15. Wedang bubuk  gula jawa...

         a. Timbang ngantuk becik lungo
         b. Rewang gathuk karo ndara
         c. Yen kepethuk ati lega
        d. Ngundang tamu karo kanca
         e. Awak ngantuk merga lara
B. 
1. Apa kang diarani wawan rembug?
Wawan rembug iku kagiyatan kanggo ngonceki perkara tartamtu lan nemokake solusine
2. Sebutna urut-urutane kagiyatan nganakake wawan rembug?
- Nemtokake masalah kang bakal dirembug
- Nemtokake para petugas ana ing kagiyatan wawan rembug
- Ngatur mekanisme kegiyatan wawan rembug
- Etika nalika nglakokake kegiyatan wawan rembug 
- Gawe susunan laporan wawan rembug
3. Sebutna mupangat kang bisa dipethik saka kagiyatan wawan rembug?
- tambahing wawasan kanggo para pesertane
- para peserta bakalan nduweni kewanen kanggo ngandarake pendapat utawa pikiran
- nduweni sipat ngurmati marang wong liyo
- nduweni daya kritis
4. Jelasna apa kang diarani sesorah iku?
Sesorah yaiku ngomong ing ngarepe wong akeh kang aturake gagsan kanthi tujuan tertentu
5. Sebutna perangan-perangan kang ana ing sesorah?
- Salam pambuka 
- Purwaka basa (atur pakurmatan, atur puji syukur lan atur panuwun)
- Surasa basa
- Wasana basa (pangajab/harapan lan atur luput)
- Salam panutup
6. Sebut lan jelasna metode-metode sesorah?
- Metode naskah : metode pidato kanthi cara maca naskah pidato
- Metode impromptu : metode pidato kanthi cara tanpa persiapan utawa spontan
- Metode ekstemporan : metode pidato kanthi cara nulis lan gawa isi-isi pidato
- Metode hafalan : metode pidato kanthi cara ngapalake isi pidato 
7. Mijil
Pomo kaki padha dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Luruh sarta wasis
Samubarang tanduk

Saka tembung macapat ing nduwur golek ana guru gatra, guru wilangan lan guru lagune?
Guru gatra : 6 gatra
Guru wilangan : 10,6,10,10,6,6
Guru lagu :i,o,e,i,i,u
8. Gawea tuladhane wangsalan lan parikan ?
Wangsalan :
Jenang gula, kowe aja lali. (jenang gula=glali)
Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso. (roning mlinjo=so)
Parikan :
Wedang bubuk, gula jawa
Yen kepethuk ati lega

Wajik klethik, gula jawa
Luwih becik sing prasaja
9. Aksara jawa ing ngisor iki tulisen latine :
Ardi lungo bareng Dyah ing Pati
Ardi lungo bareng Dyah ing Pati
10. Ukara ing ngisor iki salinana dadi aksara jawa : 
Sing numpak andhong iku jenenge Dyah Ayu Widyawati karo Ardi Ramadhan 

Sing numpak andhong iku jenenge Dyah Ayu Widyawati karo Ardi Ramadhan 

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS

0 Response to "Soal - Soal Bahasa Jawa"

Posting Komentar